$PTPS


Jadi ngene lor, Bayangke perusahaan PTPS iki koyo Warung Bakso. Data neng gambar iku nunjuke nek sak piro pintare "warung Bakso" iku ngelola duit e / warunge.
Carane delok nggon:

1. ROE + ROA seko kene iso ngerti ne tukang bakso iku Pinter nggolek Duit
Neng kene eneng ongko sekitar 19% - 24%.
* Artine: nek awak e dewe ngekei modal karo tukang bakso kui Rp.100 dalam setahune tukang bakso iku iso baleke modal e dewe Rp100 + Rp. 20,-. (untunge) Nah berarti tukang bakso iku pinter nggolek duit mergo untung terus dewe jugo untung.

2. Inventory Turnover nggon iki berarti sak piro tenan laku ne barang e dewe. Cepet opo ora. Nengkene angka ne eneng 92,87 berarti neng setahune stok bakso nggon gudang iki entek, trus diisi meneh peng 93 kali. Berarti neng kulkas e kang bakso iku stok e cepet entek alias laris manis.

3. Days Sales Outstanding nggon iki dewe ndelok nek eneng pelanggan opo wong tuku bakso tapi utang, nah neng kene tukang bakso iki pintar ora nagih utange. Neng kene angko ne 6,61. Berarti nek eneng wong tuku bakso tapi nek utang ndisik berarti tukang bakso iki iso mbuat seng wong utang mau mbayar tepat waktu berarti ora eneng utang seng nyangkut, duit e tukang bakso ga eneng nyangkut neng uwong/pelanggan bakso seng hobi utang.

4. Cash Conversion Cycle nggon iki awak e dewe ndelok angko e alias minus atau -0,38. Artine iki tukang bakso lebih cepat entok duit seko pembeli daripada waktu tukang bakso iki harus bayar nggon tukang daging atau tukang nggiling bakso ne. intine tukang bakso iki dodolan bakso nganggo duit wong lain. Mergo tukang bakso iki entok duit cash ndisik, nah bar iki baru di bayar nggon tukang daging, anak buah seng nyuci mangkok, inti ne tukang bakso iki ga tahu ke entek an duit neng dompet e.

Kesimpulanne:

$PTPS iki ibarat warung bakso, lariiiiiis manis. Tukang baksone yo pinter ngatur keuangan, pentol bakso e segeeer terus ga eneng seng neng kulkas nyampe berbulan bulan mergo larissss. Iki analisa e wong ndeso. Koyo aku. Lah emboh nek menurut koh @robertgunawankeren

Read more...
2013-2026 Stockbit ·About·ContactHelp·House Rules·Terms·Privacy